Frasa puisi bahasa jawa
Ora Ana
Ing Lathi
Pasuryan mu ora bisa dak sawang
Bagus pasuryanmu mung ana ing impenku
Kapan kowe bisa dadi duwe ku?
Sekolah iki tansah nyuwek ati
Kowe lan de’e geguyon ing ngisor wit cheri
Aku mung
bisa apa?
Mlaku ing
sandingmu ora wani
Kowe anak e
guru
Aku sapa?
Aku ora ayu, ora pantes ing sandingmu
Tresna iki mung ana ing ati
Ora bisa kaucap ing lathi
Tresna ku ana ing sekolah iki
Marang kowe bebujan ati
Ora
Ana Ing Lathi
Saiki pasuryanmu wis ora bisa
dak sawangi maneh, sakjane aku pengen nyanding slirahmu nanging aku ngerti sapa
aku to aku iki, bagus e pasuryanmu lan esem mu mung anane ing impenku, kapan
sakjane kowe iku bisa dadi duwe ku? Kapan tho wong gantheng? Sekolah iki mung
tansaya nyuwek-nyuwek atiku, atiku tansah lelara nyawang kowe lan de’e ing
ngisor wit cheri geguyon bareng, apa sing bisa dak lakoni? Mung mlaku ing
sandingmu wae aku ora wani, aku ngerti kowe iku sapa, kowe iku anak e guru
sejarah, nanging aku sapa? Aku ora tau rumangsa ayu, aku ngerti aku ora ayu
mulakno aku ora pantes nyanding awakmu, tresna ku iki mung ana ing atiku, ora
bakal bisa dak ucap ing lathi, tresna ku laer ing sekolah iki, marang kowe mas
Baguskoro bebujane ati.
karya : Risma Nurtrifani
0 comments:
Post a Comment